Kamis, 24 Juni 2010

TINDAK TUTUR REPRESENTATIF, DIREKTIF, EKSPRESIF, KOMISIF, DAN DEKLARASI

REPRESENTATIF
1. Konteks : Salah setunggaling mahasiswa matur menawi dereng pikantuk kiriman bulanan.
Tuturan : “Aku susah banget amarga bapak ibuku durung kirim dhuwit bulanan”.
(menyatakan)
2. Konteks : Ndalu menika griyanipun pak Budi kemalingan. Pak Budi njerit nalika papasan kaliyan malinge, maling kuwi ketangkep dening petugas pos kamling banjur digawa menyang kantor polisi,
Tuturan
Pak Budi : “Leres niki pak polisi, wong iki kang jejukuk ing omahku”.
(memberikan kesaksian)
3. Konteks : Dina jumat ngarep iku tanggal abang
Tuturan
Ani : “ Na, tugase bu Ucik wis digarap rung?”
Nana : “ Aku rung nggarap ik”

DIREKTIF
1. Konteks: Mahasiswa bahasa jawa maringi saran atau panjurug tumrap kancane.
Tuturan
Randi : Ayo padha jalan- jalan ning simpang lima mumpung malam minggu.
Rindi : Ketimbang lunga ketimbang lunga ning simpang simpang lima luwih becik nggarap tugase Bu Endang wae.
(menyarankan)
2. Konteks: Ing kelas, Susi ora bisa konsentrasi. Susi sakit nanging meksa mangkat sekolah.
Tuturan : “Susi, kowe luwih becik bali wae saiki!”
(menyarankan)
3. Konteks: Dina iki arep udan, yuk cepetan mulih
Tuturan :
Ibu : “ Nduk, tukokake beras ning warung kana!”
Anak : “Nggih bu”.

EKSPRESIF
1. Konteks: Okik lali nggawa flasdisk, kamangka dhewekw arep ngopi power pointne Pak Kadar
Okik : Eh…. Aku ngopi to….
Wah ladalah flasdisku keri ik, piye iki?
Ferry : Wis ora usah bingung kik, iki nganggo flasdisku ndisik….
Okik : Maturnuwun ya Fer, wis jan kowe iki pancen apikan tenan.
(mengucapkan terima kasih)
2. Konteks: Ing dapur nalika ibu ngajarke anake masak banjur nyincipi.
Tuturan :
Ibu : “ bahwa pancen bejo tenan aku. Duweni anak wis ayu, sregep, pinter masak maneh”.
(memuji)
3. Konteks: Wah, hebat tenan kowe bisa dadi juara
Tuturan :
Budi : “ Selamat ya Wan, kowe wis lulus kuliah”
Wawan : “ Ya Bud, matur nuwun. Tak dongakake kowe ya bisa cepet lulus”.

KOMISIF
1. Konteks: Bowo njanjeni Wawan nukokna bakso.
Bowo : Wan, yen aku nganti entuk A ning Mata Kuliah Psikologi Pendidikan, kowe bakal tak tukokake bakso Mbah Man.
Wawan : Tenan lho ya….
Bowo : Oke siapa takut.
(berjanji)
2. Konteks: Dumadakan ibu kos nyuwun duwit kontrakan nanging aku durung bisa nglunasi dina iki.
Tuturan : “Kula janji, ngenjang kula badhe wonten dalemipun ibu, ngrampungaken perkawis menika”.
(janji)
3. Konteks: Esuk aku arep dolan ing omahe kancaku
Tuturan :
Lia : “ Ni, sesuk sida do;an neng omahku ra?”
Nia : “ Sida Li”

DEKLARASI/ISBATI
1. Konteks: Soni kandha yen dheweke arep nyilih buku ning kosane pipit.
Soni : Pit, kowe mengko ana kuliah ora?
Pipit : Ana Son, aku kuliah patang sks.
Soni : Jam pira?
Pipit : Jam sanga karo jam siji.
Soni : Aku mengko ning kosmu jam papat ya, arep nyilih buku pragmatik.
Pipit : Iya Son, mreneya…. (memutuskan)
2. Konteks: Nilai rapot Ani elek. Ani kepengin sregep sinau.
Tuturan: “ Yen aku kepengin nilaiku apik maneh, mulai saiki aku kudu sinau tenanan”.
(memutuskan)
3. Konteks: Dina iki ora sida nggarap tugas
Tuturan :
Dinda : “ Bu, aku arep nggarap tugas ing omahe Sari”
Ibu : “ Ya nduk ati-ati, mulihe aja sore-sore”

Contoh tuturan dalam bentuk cerita 1:

“Aku nuhoni dhawuhe paman patih Lugender” Damar wulan tetep nggondeli petungkas “Yen durung entuk palilah sapa bae ora kena mlebu dalem kepatihan”. (deklarasi, melarang)
“Aku tetep arep mlebu, mulih menyang omahku dhewe”.
“Ora kena! Pokoke ora kena” (deklarasi, melarang)
“Njaluk dak jotos apa piye? Cak anyar kemlete!” (komisif, mengancam)
“Aku ora kemaki, nanging mligi nindhakake wajib, piye? Arep njotos? (direktif, menantang)
….
“Priya ta Damar Wulan? Bocah loro iki mau anakku. Geneya ora oleh mlebu omah?” patih Legender pitakon.
“Paman piyambak ingkang dhawuh. Sok sintena boten kepareng mlebet dalem tanpa palilah paduka”.
“Nanging iku anakku”.
“Sing lepat iku rama” Dewi Anjasmara” Kakang Damar Wulan leres awit mituhu dhawuhipun rama, kedahipun rama kalawan dhawuh sapa bae ora kena mlebu kajaba anak-anakku. (ekspresif, menyalahkan rama dan memuji Damar Wulan)
“Damar Wulan, tak anggep tugasmu becik. Saiki sira entuk tugas anyar, iku tugasmu, delengen jaran iku, sira ngopeni jaran, lan nglatih jaran. Mapan turu ana gedhogan miras jaga keslamatane jaran” (representatif, menunjukkan tugas)


Contoh tuturan dalam cerita II:

Nalika aku diemban buyutku mau aku isih tetep nangis bae, sebab embane krasa ora kepenak. Aku di eneng-eneng:
“Meneng ya nang, cah bagus! (direktif, memohon) Kae lho, rembulane gedhe, bundher tur padhang. (representatif, menunjukkan) Nek ora gelem meneng mengko mundhak dipoyoki karo mbulan, ya!” (komisif, mengancam)
Aku panggah nangis bae, sebab nggoleki ibuku durung ketemu. Buyut putriku ora putus asa, aku di eneng-eneng terus. Malah aku dituduhi, jare ing rembulan kana ana wonge sing numpak jaran:
“E, lha kae, ing mbulan ana wonge numpak jaran. (representatif,menunjukkan) Wis meneng yo cah bagus! (direktif, memohon) Mbesuk yen wis gedhe numpak jaran sembarni ya, ben bisa mabur tekan rembulan kana!”
….
Ujug-ujug saka pojok mburi paseban, ana salah sawijining nujum sing arane Latip wani munjuk atur karo ngacungake astane.
“Kula gusti prabu, nanging sak derengipun lan saksampunipun menawi kula lepat nyuwun pangapunten!” (ekspresif, meminta maaf)
“Iya, ora dadi ngapa!”, ngendikane sang nata. (deklarasi, memaafkan)
“Enggal matura!”

1 komentar:

  1. T'Fal T'Fal T'Fal T'Fal T'Fatin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin - Tin Iron - Tistin
    T'Fal T'Fal T'Fal T'Fatin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin mens titanium wedding rings Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin mens black titanium wedding bands Tin Tin titanium nitride Tin Tin titanium bars Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin 2020 ford edge titanium for sale Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin Tin

    BalasHapus